1 Anadene kita kang padha santosa, wajib nyabari karingkihaning wong kang ora santosa, lan aja ngupaya kasenengan kita dhewe.
2 Siji-sijine panunggalan kita, nglegakna atine sapadha-padha, murih becike supaya kabangun.
3 Awit Sang Kristus uga ora ngupaya keparenge piyambak, nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Tembung-tembung panacadipun tiyang ingkang sami nenacad Paduka, dhumawah dhateng kawula.”
4 Ujer samubarang kang katulisan ing sadurunge, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhelan panglipur kang saka ing Kitab Suci.
5 Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikarsakake dening Sang Kristus Yesus,
6 satemah kalawan saiyeg sarta tunggal swara, kowe padha ngluhurake Gusti Allah, lan Kang Ramane Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.