10 Lan sateruse mangkene:“He para bangsa, padha bungah-bungaha bareng karo umate.”
11 Lan maneh,“He para bangsa, padha saosa puji marang Pangeran,sarta sakehe suku bangsa cikben memuji marang Panjenengane.”
12 Sarta sabanjure pangandikane Nabi Yesaya,“Bakal ana sogol thukul saka tunggake Isai,kang bakal jumeneng ngereh para bangsa,sarta iya Panjenengane iku kang bakal dadi pangarep-arepe para bangsa.”
13 Muga-muga Gusti Allah, etuking pangarep-arep, maringana ganjaran marang kowe kabeh sagunging kabungahan sarta tentrem-rahayu ing sajroning pracayamu, supaya kowe padha sugiha pangarep-arep marga saka sawabe Sang Roh Suci.
14 Para sadulur, aku dhewe pancen yakin mungguhing kowe, yen kowe wus padha sugih kabecikan, mumpuni ing kawruh, sarta uga wis padha keconggah eling-ingelingake.
15 Ewadene marga saka sih-rahmat peparinge Gusti Allah marang aku, ana ing layang iki ing kana kene aku rada wani aweh pepeling marang kowe kabeh,
16 yaiku manawa aku kepareng dadi peladose Sang Kristus Yesus kanggo bangsa-bangsa saliyane bangsa Yahudi ing bab ngabarake Injile Gusti Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisaa katampi ing Gusti Allah, minangka pisungsung kang dadi keparenge, kang kasucekake dening Roh Suci.