17 Dadi aku bisa nglairake panggunggung ana ing patunggilane Sang Kristus tumrap prajanjianku ana ing ngarsaning Allah.
18 Awit aku ora bakal kumawani nyritakake bab liyane, kajaba samubarang kang wus katindakake dening Sang Kristus lumantar aku, yaiku nenuntun bangsa-bangsa liya marang pambangun-turut, srana pitutur sarta panggawe,
19 marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.
20 Lan sajrone ngabarake iku mau kang dakanggep dadi utamaning lakuku iku, yaiku manawa anggonku martakake ora ana ing panggonan-panggonan kang Asmane Sang Kristus wus disumurupi ing wong, supaya anggonku mbangun iku aja nganti ana ing tetales gaweaning wong liya,
21 nanging larasa karo kang katulisan, wiraose:“Wong kang padha durung kawartanan bab Panjenengane,bakal padha ndeleng Panjenengane,sarta kang padha durung krungu wartanebakal padha mangreti.”
22 Yaiku kang njalari aku tansah kepalang anggonku arep nemoni kowe kabeh.
23 Nanging saiki, sarehne aku wus ora duwe papan nyambut-gawe maneh ana ing wilayah kene, sarta sarehne aku wus sawatara taun kapengin nemoni kowe kabeh,