5 Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, karsaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikarsakake dening Sang Kristus Yesus,
6 satemah kalawan saiyeg sarta tunggal swara, kowe padha ngluhurake Gusti Allah, lan Kang Ramane Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.
7 Mulane kowe padha tampan-tinampanana, padha kaya Sang Kristus anggone uga wus nampani kita, kagem kaluhurane Gusti Allah.
8 Kang dakkarepake yaiku, manawa awit saka kabenerane Gusti Allah, Sang Kristus wus dadi peladose para wong tetakan, kanggo ngukuhake prasetyane kang wus kaparingake marang para leluhur kita,
9 sarta supaya para bangsa padha bisa ngluhurake Gusti Allah, awit saka sih-palimirmane, kaya kang katulisan, wiraose:“Mila kawula badhe ngluhuraken Paduka, wonten ing satengahing para bangsa,saha memuji Asma Paduka kanthi pangidung masmur.”
10 Lan sateruse mangkene:“He para bangsa, padha bungah-bungaha bareng karo umate.”
11 Lan maneh,“He para bangsa, padha saosa puji marang Pangeran,sarta sakehe suku bangsa cikben memuji marang Panjenengane.”