1 Aku nglantarake marang kowe sadulur kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,
2 supaya koktampani ana ing patunggilane Gusti, kanthi patrap kang samesthine tumrap para suci, sarta wenehana, pitulungan samangsa dibutuhake. Sabab dheweke wus aweh pitulungan marang wong akeh, klebu aku dhewe.
3 Salam marang Priska lan Akwila, para kanca tunggal ayahan ana ing Sang Kristus Yesus.
4 Iku wus padha ngetohake nyawane kanggo mitulungi uripku. Ora ngamungake aku bae kang aweh panarima, nanging iya sakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.
5 Uga salam marang pasamuwan kang ana ing omahe. Salam marang Epenetus, sadulur kang daktresnani, kang dadi wiwitaning wong kang manjing ing patunggilane Sang Kristus ing tanah Asia.