12 Salam marang Trifena lan Trifosa, kang padha mempeng banget anggone leladi kagem Gusti. Salam marang Persis, kang daktresnani, kang wus akeh banget anggone leladi kagem Gusti.
13 Salam marang Rufus, wong kang pinilih ana ing Gusti, sarta salam marang ibune kang tumraping aku uga dadi ibuku.
14 Salam marang Asinkritus, Flegon, Hermes, Patrobas, Hermas sarta para sadulur kang padha tetunggalan ing kono.
15 Salam marang Filologus lan Yulia, Nereus sarta sadulure wadon, lan Olimpas, apadene sakehe para suci kang padha tetunggalan ing kono.
16 Padha sesalamana kalawan pangaras suci. Salam marang kowe kabeh saka sakehing pasamuwane Sang Kristus.
17 Nanging padha dakpituturi, para sadulur, padha diwaspada marang para wong kang padha nyulayani ing piwulang kang wus koktampani, kang nuwuhake cecongkrahan lan panggodha. Singkirana wong-wong kaya mangkono iku mau.
18 Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.