8 Salam marang Ampliatus sing daktresnani ana ing Gusti.
9 Salam marang Urbanus kancaku tunggal ayahan ana ing Sang Kristus, sarta salam marang Stakhis kang daktresnani.
10 Salam marang Apeles, kang wus katitik tumemen ana ing Sang Kristus. Salam marang wong kang padha klebu golongane Aristobulus.
11 Salam marang Herodhion, kancaku tunggal bangsa. Salam marang wong kang padha klebu golongane Narkisus, kang ana ing patunggilane Gusti.
12 Salam marang Trifena lan Trifosa, kang padha mempeng banget anggone leladi kagem Gusti. Salam marang Persis, kang daktresnani, kang wus akeh banget anggone leladi kagem Gusti.
13 Salam marang Rufus, wong kang pinilih ana ing Gusti, sarta salam marang ibune kang tumraping aku uga dadi ibuku.
14 Salam marang Asinkritus, Flegon, Hermes, Patrobas, Hermas sarta para sadulur kang padha tetunggalan ing kono.