26 Dadi manawa wong kang ora tetak netepi angger-anggering Toret, apa iku ora bakal dianggep padha karo wong kang wus tetak?
27 Yen mangkono, wong kang ora tetak nanging netepi angger-anggering Toret, iku bakal njeksani kowe kang nduweni angger-angger kang katulis lan tetak, nanging nerak angger-anggering Toret.
28 Awit kang diarani Yahudi iku dudu tata-laire, lan kang diarani tetak uga dudu tetak ing tata-laire.
29 Nanging kang diarani wong Yahudi sajati iku yaiku kang ora katon Yahudine, lan tetak kang sajati iku tetaking ati yaiku tetak rohani dudu tata-laire. Lan iku oleh pangalem saka Gusti Allah, ora saka manungsa.