9 Sangsara lan rupeking ati bakal tumama marang angger wong kang gawe piala, kang dhisik wong Yahudi, lan samono uga wong Yunani,
10 nanging kamulyan, kaluhuran lan tentrem-rahayu bakal kaparingake marang sawiji-wijining wong kang nindakake kabecikan, dhisike wong Yahudi lan uga wong Yunani.
11 Sabab Gusti Allah ora pilih kasih.
12 Ujer kabeh wong kang gawe dosa kalawan sepi ing angger-anggering Toret iku bakal padha sirna iya kalawan sepi ing angger-anggering Toret; lan kabeh wong kang padha dosa ing sajrone kawengku ing angger-anggering Toret, iku bakal padha diadili sarana angger-anggering Toret.
13 Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.
14 Manawa bangsa-bangsa liya kang ora nduweni angger-anggering Toret marga saka prentuling atine dhewe nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Toret, wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Toret tumrap awake dhewe, sanadyan ora nduweni angger-anggering Toret.
15 Amarga kalawan mangkono iku wong-wong mau padha nelakake, manawa pepakone angger-angger wis katulis ana ing atine, sarta rumangsaning atine melu dadi seksi, sarta pangangen-angene padha genti ngluputake utawa genti mbenerake.