1 Yen mangkono, apa ta kaluwihane wong Yahudi, lan apa ta paedahe tetak iku?
2 Akeh banget lan warna-warna, kang dhisik iki: Sabab wong mau padha dipitayani pangandikane Gusti Allah.
3 Dadine kapriye, manawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging prasetyane Gusti Allah?
4 Babar pisan ora! Malah kosokbaline: Gusti Allah iku asipat bener, lan manungsa kabeh padha dora cara, kaya kang katulisan, wiraose:“Supados Paduka kacihna manawi leres ing sapangandika Paduka, saha Paduka unggula manawi dipun hakimi.”
5 Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? -- Calathuku iki cara manungsa. --
6 Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?
7 Nanging manawa setya tuhune Gusti Allah iku marga saka gorohku malah sangsaya cetha banget temah njalari kaluhurane, yagene aku kok isih diadili maneh padha kaya wong dosa?