14 Cangkeme kebak pangipat-ipat.
15 Entheng sikile yen arep ngwutahake getih.
16 Karusakan lan kasrakatan ana ing dedalane,
17 lan dalaning tentrem-rahayu ora disumurupi;
18 padha ora duwe wedi asih marang Gusti Allah.”
19 Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.
20 Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.