1 Kang iku apa kang bakal dakkandhakake tumrap Rama Abraham, leluhur kita mungguh ing daging?
2 Sabab yen Rama Abraham anggone kabenerake marga saka pandamele, panjenengane bisa gumunggung, nanging ora ana ing ngarsane Gusti Allah.
3 Sabab apa kang kapratelakake ing ayating Kitab Suci? “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane dening Gusti Allah.”
4 Dene wong kang nyambut-gawe iku, opahe ora kena kaetung ganjaran, nanging hake.
5 Yen wong kang ora nyambut-gawe, nanging kumandel marang Panjenengane kang mbenerake wong duraka, kumandele iku kang kaetung dadi kabeneran.