14 Sanadyan mangkono wiwit Rama Adam tumekane Nabi Musa, si pati wus masesani uga marang kang padha gawe dosa, kang panerake ora madhani ing panerake Rama Adam, iya iku kang dadi gegambarane Panjenengane kang bakal rawuh.
15 Nanging sih-rahmate Gusti Allah iku ora padha karo panerake Rama Adam. Sabab, manawa panerake wong siji njalari wong kabeh padha tumiba ing pangwasaning pati, luwih agung maneh sih-rahmate Gusti Allah sarta peparinge ganjaran kang ngluberi wong kabeh, kang marga saka wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.
16 Lan peparinge sih-rahmat iku ora timbang karo dosane wong siji. Awit karampunganing pangadilan tumrap panerake wong siji iku nekakake paukuman, nanging peparinge ganjaran sih-rahmat marga saka panerak kang akeh iku nekakake karampungan kang mbenerake.
17 Sabab, yen marga saka panerake wong siji, si pati wus masesa marga saka wong siji iku, mendahane maneh wong kang wus padha nampani kaluberaning sih-rahmat sarta ganjaran kabeneran, mesthi bakal urip lan masesa marga dening wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus.
18 Dadine padha kaya panerak siji nekakake paukuman marang wong kabeh, mangkono uga tumindaking kabeneran siji, njalari wong kabeh padha kabenerake dadi lan uripe.
19 Dadi padha kaya pambangkange wong siji mau njalari wong kabeh dadi wong dosa, mangkono uga marga saka pambangun-turute wong siji kabeh wong banjur padha dadi wong kang bener.
20 Nanging angger-anggering Toret tumuli kawuwuhake, supaya panerak dadi saya akeh, dene ing ngendi kang dosane wuwuh akeh, ing kono sih-rahmat dadi saya luber,