1 Yen mangkono, apa ta sing bakal kita gunem? Apa kita kepareng padha ndlarung ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhene sih-rahmat?
2 Babar pisan ora! Kita rak wis mati tumraping dosa, kapriye anggon kita isih padha bisa urip ing sajroning dosa mau?
3 Apa kowe padha ora sumurup, yen kita kang wus padha kabaptis ana ing Sang Kristus, iku ateges wus padha kabaptis ana ing sedane?
4 Dadi kita wus padha ndherek kakubur kalawan Panjenengane, sarana baptis ing pati mau, supaya padha kayadene Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati dening kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.
5 Sabab yen kita wus padha nunggal kalawan apa kang padha karo sedane, kita iya bakal padha nunggal kalawan apa kang padha karo wungune.