11 Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus.
12 Mulane si dosa aja nganti nguwasani badanu kang kena ing pati iku maneh, supaya kowe aja nganti nuruti pepenginane maneh.
13 Sarta kowe aja masrahake gegelitaning badanmu marang si dosa kanggo gegamaning duraka, nanging badanmu saosna marang Gusti Allah, kaya wong kang maune mati, nanging saiki urip. Sarta gegelitaning badanmu iku saosna marang Gusti Allah, minangka gegamaning kabeneran.
14 Sabab si dosa ora bakal nguwasani kowe maneh, marga kowe padha ora kawengku ing angger-anggering Toret, nanging kawengku ing sih-rahmat.
15 Tumuli kapriye? Apa kita banjur padha nglakoni dosa marga ora kawengku ing angger-anggering Toret, ananging kawengku ing sih-rahmat? Babar pisan ora!
16 Apa kowe padha ora sumurup, manawa masrahake awakmu marang sawijining wong dadi abdi kang mituhu iku, ateges kowe dadi bature wong iku, sing kudu kokpituhu, embuh ing bab dosa kang nggendeng kowe marang pati, embuh pamituhu kang nuntun kowe marang kabeneran?
17 Nanging sokur marang Gusti Allah! Ing maune kowe iku dadi bature si dosa, nanging ing saiki kanthi gumolonging atimu kowe wus padha mituhu marang piwulang kang kaluntakake marang kowe.