5 Sabab yen kita wus padha nunggal kalawan apa kang padha karo sedane, kita iya bakal padha nunggal kalawan apa kang padha karo wungune.
6 Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.
7 Sabab, sapa sing wis mati, iku wus luwar saka ing dosa.
8 Dadi yen kita wus padha ndherek kalawan Sang Kristus kita padha pracaya yen iya bakal padha urip kalawan Panjenengane uga.
9 Amarga kita padha sumurup, yen Sang Kristus sawuse kawungokake saka ing antarane wong mati, ora seda maneh: si pati wis ora nguwasani Panjenengane maneh.
10 Awit sedane iku, seda tumrap ing dosa, mung sapisan kanggo salawase; lan gesange iku gesang lumados marang Gusti Allah.
11 Samono uga anggonmu mawas iya mangkenea: kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus.