15 Sabab apa bae kang daklakoni iku, aku dhewe ora sumurup. Ujer apa kang daklakoni iku mau dudu bab kang dakkarepake; nanging apa kang daksengiti, iku kang daklakoni.
16 Dadi manawa aku nglakoni bab kang ora dakkarepake iku, ateges aku ngakoni yen angger-anggering Toret iku becik.
17 Manawa mangkono dudu aku maneh kang nglakoni, ananging si dosa kang dumunung ana ing atiku.
18 Sabab aku sumurup, yen aku iki, yaiku dagingku, ora kadunungan bab kang becik. Sabab karep iku pancen ana ing aku, nanging dudu bab nglakoni apa kang becik.
19 Sabab kang daklakoni iku dudu bab kang dakkarepake, yaiku bab kang becik, nanging kang daklakoni iku bab kang ala, dudu kang dakkarepake.
20 Dadi yen aku nglakoni bab kang ora dakkarepake, ateges wis dudu aku maneh kang nglakoni, nanging si dosa kang dumunung ana ing aku.
21 Kang iku, aku nemu wewaton mangkene: Manawa aku kepengin nindakake kang becik, kang ala wis cumawis ana ing aku.