17 Dene manawa kita iki dadi putra, dadi iya ahli waris, tegese wong kang padha nduweni wewenang nampani prasetyane Gusti Allah, kang bakal nampani iku bebarengan karo Sang Kristus, yaiku yen pancen kita padha ndherek nandhang sangsara, supaya iya ndhereka kamulyakake kalawan Panjenengane.
18 Sabab aku yakin, yen sangsara ing jaman saiki iku ora paja-paja timbang yen katandhing karo kamulyan kang bakal kalairake marang kita.
19 Sabab kanthi cecengklungen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah.
20 Awit sakehing tumitah wus katelukake marang kaapesan, ora saka karepe dhewe, nanging marga saka karsane Panjenengane kang nelukake,
21 ananging sajroning pangarep-arep, marga kang tumitah iku dhewe uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang ing kamardikaning kamulyane para putrane Gusti Allah.
22 Sabab kita padha sumurup, yen nganti saprene sakehing tumitah iku iya padha sesambat lan iya padha ngrasakake larane wong nglarani arep nglairake jabang bayi.
23 Lan ora ngamungake iku bae, dalasan kita dhewe kang wus kaparingan Sang Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti marang kaputran, yaiku pangluwaraning badan kita.