19 Sabab kanthi cecengklungen sakehing tumitah anggone padha nganti-anti marang wektu kababare para putrane Gusti Allah.
20 Awit sakehing tumitah wus katelukake marang kaapesan, ora saka karepe dhewe, nanging marga saka karsane Panjenengane kang nelukake,
21 ananging sajroning pangarep-arep, marga kang tumitah iku dhewe uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang ing kamardikaning kamulyane para putrane Gusti Allah.
22 Sabab kita padha sumurup, yen nganti saprene sakehing tumitah iku iya padha sesambat lan iya padha ngrasakake larane wong nglarani arep nglairake jabang bayi.
23 Lan ora ngamungake iku bae, dalasan kita dhewe kang wus kaparingan Sang Roh minangka ganjaran wiwitan, uga padha sesambat sajroning ati kalawan nganti-anti marang kaputran, yaiku pangluwaraning badan kita.
24 Sabab kita padha kapitulungan rahayu ana ing pangarep-arep. Nanging pangarep-arep kang kasat mripat iku dudu pangarep-arep maneh, marga kapriye bisane isih ngarep-arep tumrap barang kang wis katon?
25 Nanging manawa kita ngarep-arep marang apa kang ora kita deleng, dadi anggon kita padha ngarep-arep iku kalawan sabar mantep.