10 Malah ora ngamungake iku bae. Luwih cetha maneh Ibu Ribkah kang mbobot kembar saka priya siji, yaiku Rama Iskak, rama leluhur kita.
11 Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawe becik utawa ala, -- supaya rancangane Gusti Allah bab pamilihe tetepa, ora adhedhasar ayahan nanging adhedhasar timbalane, --
12 dipangandikakake marang Ribkah, mangkene:“Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom,”
13 iya kaya kang katulisan, wiraose:“Yakub Sunkasihi, nanging Esau Sunsengiti.”
14 Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Apa Gusti Allah ora adil? Mokal!
15 Sabab Panjenengane wus ngandika marang Nabi Musa, mangkene: “Ingsun bakal melasi marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunparingi sih-kamirahan.”
16 Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa reka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahane Gusti Allah.