15 Sabab Panjenengane wus ngandika marang Nabi Musa, mangkene: “Ingsun bakal melasi marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunwelasi, sarta Ingsun bakal paring sih-kamirahan marang sapa bae kang Sunkarsakake Sunparingi sih-kamirahan.”
16 Dadi bab iku ora gumantung marang kareping wong utawa reka-dayaning wong, nanging gumantung marang sih-kamirahane Gusti Allah.
17 Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Sang Prabu Pringon, mangkene: “Yaiku sababe anggoningSun ngadegake sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalake panguwaosingSun ana ing sira, sarta AsmaningSun supaya kasuwurna ing salumahing bumi.”
18 Dadi Panjenengane maringi sih-piwelas marang sapa bae kang dikarsakake, lan Panjenengane mangkotake marang sapa bae kang dikarsakake.
19 Saiki kowe arep padha tutur marang aku: “Yen mangkono, apa maneh kang kaanggep luput dening Panjenengane? Sabab sapa kang bisa nglawan karsane?”
20 Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”
21 Apa kundhi iku ora duwe wewenang tumrap lempunge; prongkolan kang padha, salong kagawe barang kang mulya, salong kagawe barang liyane kang lumrah?