30 Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Iki: Bangsa-bangsa liya kang padha ora ngupaya kabeneran, wus padha oleh kabeneran, yaiku kabeneran kang awit saka pracaya.
31 Nanging: Bangsa Israel sanadyan ngupaya angger-angger kang bakal nekakake kabeneran, ora nganti nyandhak marang angger-angger mau.
32 Yagene kok ora? Sabab bangsa Israel anggone ngupaya ora marga saka pracaya, nanging marga saka panggawe, marga padha kasandhung ing watu sesandhungan,
33 kaya kang katulisan, wiraose:“Lah ing Sion Sundokoki watu tetanggoran tuwin watu sesandhungan, lan:Sapa kang pracaya marang iku, ora bakal kawirangan.”