8 Tegese: Dudu para anak kang miturut ing daging kang dadi para putrane Gusti Allah, nanging para anak prasetyan kang kaetang dadi turun kang sah.
9 Sabab pangandika iku isi prasetya mangkene: “Ing watara pendhak mangsa iki Ingsun bakal rawuh, sarta Sarah bakal duwe anak lanang.”
10 Malah ora ngamungake iku bae. Luwih cetha maneh Ibu Ribkah kang mbobot kembar saka priya siji, yaiku Rama Iskak, rama leluhur kita.
11 Sabab nalika bayi-bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawe becik utawa ala, -- supaya rancangane Gusti Allah bab pamilihe tetepa, ora adhedhasar ayahan nanging adhedhasar timbalane, --
12 dipangandikakake marang Ribkah, mangkene:“Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom,”
13 iya kaya kang katulisan, wiraose:“Yakub Sunkasihi, nanging Esau Sunsengiti.”
14 Yen mangkono, apa kang bakal kita gunem? Apa Gusti Allah ora adil? Mokal!