Titus 2 JAV

Kawajibane wong tuwa, wong nonoman lan batur

2:1-10

1 Nanging kowe iku martakna apa kang cundhuk karo piwulang kang satuhu.

2 Para wong lanang kang tuwa iku padha diwaras ing budi, kajen, wicaksana sarta kadunungan pracaya, katresnan lan budi tumemen kang waras.

3 Mangkono uga para wong wadon kang wus tuwa, iku padha nelakna anggone dadi wong ngibadah, aja dhemen mitenah, aja karem ngombe anggur, nanging dibisa aweh piwulang kang becik

4 lan bisa merdi wong-wong wadon kang isih enom, supaya padha tresna marang kang lanang tuwin marang anak-anake,

5 wicaksana, alaku suci, sregep ngatur baleomahe, becik pambekane sarta sumuyud marang kang lanang, supaya Pangandikaning Allah aja nganti dialakake.

6 Mangkono uga para wong nonoman, padha pituturana, supaya padha bisa ngendhaleni awake dhewe ing sadhengah prakara

7 lan kowe dhewe dadia tuladha ing bab nindakake panggawe becik. Anggonmu memulang dikalawan jujur sarta tumemen.

8 Pamulangmu disalugu lan tanpa cacad, supaya wong kang nglawan dadia wirang, amarga ora ana kang tinemu kang kena digawe ngalakake marang kita.

9 Para batur sing padha sumuyud marang lurahe tumrap samubarang kabeh, padha gawea renane lan aja madoni,

10 aja slingkuh, nanging tansah nelakna anggone temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing samubarang kabeh, padha ngluhurake piwulange Allah, Pamarta kita.

Sih-rahmate Gusti Allah nylametake manungsa kabeh

2:11-15

11 Awitdene sih-rahmate Gusti Allah kang nylametake manungsa kabeh iku wus kababar.

12 Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwea laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki,

13 kalawan manganti-anti marang ing katetepane pangarep-arep kita, kang kebak ing karahayon lan ngatingalake kamulyaning Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus,

14 kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem panjenenane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.

15 Iku kabeh wartak-wartakna, wong-wong padha pituturana lan surup-surupna kalawan pangaribawamu. Aja nganti ana wong kang ngremehake kowe.

Bab

1 2 3