4 Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar,
5 ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,
6 kang wus kaesokake marang kita dening Gusti Yesus Kristus, Pamarta kita,
7 supaya kita, kang wus kabenerake dening sih-rahmate, padha wenang nampani urip langgeng, kayadene kang dadi pangarep-arep kita.
8 Iki tembung kang satuhu lan karepku kowe supaya yakin ngungkuli bab iku, amrih wong-wong kang wis padha pracaya marang Gusti Allah padha ngudi kanthi temen-temen nglakoni panggawe becik. Yaiku kang prayoga lan migunani tumrap manungsa.
9 Nanging mungguh bebantahan kang ora urus, prakara sarasilah, apadene parapadu lan regejegan bab angger-anggering Toret, iku singkirana awit iku kabeh ora ana gunane sarta tanpa paedah.
10 Wong kang nasar pracayane, kang wus kokpituturi kaping sapisan utawa kaping pindho, iku dohana.