1 Salam saka Yakobus, abdine Gusti Allah sarta Gusti Yesus Kristus, marang taler rolas kang padha ana ing tanah manca.
2 He, para sadulurku, anggepen sawijining kamulyan, manawa kowe padha kataman ing panyoba warna-warna,
3 jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.
4 Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna, supaya kowe dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.
5 Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.
6 Mung bae panyuwune iku kang kanthi pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu, jalaran wong kang mangu-mangu iku padha bae karo ombaking sagara, kang katempuh ing angin mawalikan mrana-mrene.
7 Wong kang mangkono iku aja duwe pangira, manawa bakal oleh apa-apa saka Pangeran.
8 Jalaran wong kang atine mangro, ora bakal tentrem uripe.
9 Sadulur kang asor iku nggunggunga ing bab kaluhurane,
10 sarta kang sugih iku nggunggunga ing bab kaasorane, jalaran bakal sirna kaya kembanging suket.
11 Jalaran srengenge sawise mlethek kanthi panase kang sumelet, banjur nggaringake suket iku, temahan gogrog kembange, ilang kaendahane. Mangkono uga wong sugih iya bakal sirna ing sajrone pambudi-dayane.
12 Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.
13 Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkene: “Aku digodha dening Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha dening piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.
14 Nanging saben wong digodha dening pepenginane dhewe, jalaran disered sarta dibujuk dening pepenginane dhewe.
15 Sarta manawa pepenginan iku wus ngandhut, mbanjur manak dosa, sarta manawa dosa iku wus mateng bakal nglairake pati.
16 He, para sadulur kang daktresnani, aja padha kesasar!
17 Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.
18 Marga saka karsane piyambak Panjenengane wus mbabarake kita srana pangandikaning kayekten, supaya kita padha ana ing tataran kang gumathok, yaiku dadi putra pambarep ing antarane para titahe kabeh.
19 He para sadulur kang daktresnani, elinga marang bab iki: saben wong dienggal manawa ngrungokake, nanging disareh manawa calathu, mangkono uga ditamban manawa nepsu;
20 jalaran nepsune manungsa iku ora ndadekake kang bener ana ing ngarsane Allah.
21 Mulane padha biraten sarupaning rereged sarta piala kang kaliwat akeh lan tampanana kanthi legawaning ati pangandika kang katandur ing atimu, kang bisa nylametake nyawamu.
22 Nanging padha nglakonana ing pangandika, aja mung ngrungokake bae, jalaran manawa ora mangkono kowe ngapusi awakmu dhewe.
23 Sabab manawa wong mung ngrungokake pangandika bae, mangka ora nganggo dilakoni, iku kayadene wong kang lagi namatake raine dhewe kang sanyata ana ing pangilon.
24 Sawise ndeleng awake dhewe, salungane tumuli wis lali kaya apa rupane.
25 Nanging sing sapa nliti angger-angger kang sampurna yaiku angger-angger kang mardikakake manungsa, sarta nganggo diantepi, dadi ora mung ngrungokake banjur lali, nanging nglakoni temenan, iku bakal rahayu marga saka panggawene dhewe mau.
26 Saupama ana wong kang rumangsa ngibadah, mangka ora mekak ilate, iku ngapusi awake dhewe, lan pangibadahe tanpa guna.
27 Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.