23 Temah kayektenan nas kang surasane mangkene: “Anadene Rama Abraham pracaya marang Gusti Allah, mangka iya iku kang kaetung dadi kasampurnane.” Amarga saka iku Rama Abraham kasebut: “Mitrane Gusti Allah.”
24 Dadi kowe padha sumurup, manawa manungsa anggone kabenerake iku jalaran saka panggawe, ora mung saka pracaya bae.
25 Mangkono uga Rakhab, si sundel iku, apa ora awit saka panggawene anggone kabenerake, nalika ndhelikake para utusan ing omahe, banjur nulungi lolose metu ing dalan liya?
26 Jalaran kayadene badan tanpa sukma iku mati, mangkono uga pracaya tanpa panggawe iku iya mati.