1 He para sadulurku, panunggalanmu aja akeh kang padha dadi guru, jalaran kita padha sumurup, manawa kita dadi guru, bakal padha diadili kalawan ukuran kang luwih abot.
2 Amarga kita kabeh padha kaluputan ing prakara akeh, sing sapa ora kaluputan ing tetembungane, iku wong sampurna, wis bisa ngereh marang saranduning badane kabeh.
3 Lah ta jaran iku padha kita etrapi kendhali ing cangkeme, satemah manut marang kita, kita bisa ngendhaleni badane kabeh.
4 Lan maneh coba pikiren bae, prau-prau kapal sanadyan gedhe banget sarta disurung ing angin kang banter, ewasamono kena kainger-ingerake sarana kemudhi kang cilik banget, manut ing sakarepe jurumudhine.