4 Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.
5 Ana ing bumi iki kowe wus urip mukti sarta seneng-seneng. Kowe wus padha nyeneng-nyenengake atimu, kaya ing dina pasembelehan.
6 Wong bener kokukum malah kokpateni, lan ora bisa nglawan marang kowe.
7 Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti! Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog lan ing mangsa semi.
8 Kowe uga padha disabar, atimu padha santosakna, amarga rawuhe Gusti wis cedhak!
9 He para sadulur, kowe aja padha nggresah lan dakwa-dinakwa, supaya kowe aja nganti diadili. Sajatine Sang Hakim wis jumeneng ing ngarep lawang.
10 He para sadulur, padha nulada panandhange sangsara sarta kasabarane para nabi, kang wis padha medharake pangandika atas asmane Pangeran.