1 Adhuh lae, kutha iku kok sepi temen,kang dhek biyen reja banget!Wus dadi kaya randhakang maune linuwih ana ing satengahe para bangsa.Kang biyen dadi ratune kutha-kutha,saiki dadi jajahan.
2 Ing wayah bengi nangis kelara-lara,pipine adus luh;ing antarane para kang nresnani,ora ana siji bae kang aweh panglipur.Mitrane kabeh wus padha nyidrani,wus malih dadi satrune.
3 Yehuda wus ditinggal dening kang padha ngenggoni,marga saka sangsara lan saka abote anggone dikawulakake;saiki dumunung ing antarane para bangsa,ewadene ora bisa oleh katentreman;sapa bae kang nempuh bisa ngejegiing mangsa nemahi karubedan.
4 Dalan-dalan kang anjog ing Sion kebak prihatin,marga ora ana kang padha nekani riyaya,gapurane sepi nyenyet kabeh,para imame padha ngesah,para prawane padha sedhih,dene Sion dhewe pepes atine.
5 Para mungsuhe padha nguwasani,lan satrune padha seneng-seneng.Pranyata Sion diganjar kasusahan dening Pangeran Yehuwah,marga akeh panerake;anak-anake padha lumaku ana ing ngarepe satrunekayadene tawanan.
6 Putri ing Sion wus koncatankamulyane kabeh,para pemimpine padha kaya menjangankang ora nemu panggonan kanggo nyenggut;nglentroh anggone lumaku,ana ing ngarepe kang ngoyak-oyak.