1 Adhuh lae, emas iku kok surem temen,emas murni kok malih;watu-watu suci iku padha kabuwangana ing pojoke saben lurung.
2 Para anake Sion kang aji,padha karo kaya emas tuwa,adhuh, kok dipadhakake karo pengaron lemahgaweaning tangane kundhi.
3 Sanadyan asu ajag iya ngulungake susunenusoni anake,nanging putrining bangsaku wus dadi mentala,kaya manuk unta ing sagara wedhi.
4 Ilate bocah pasuson kraketing cethake dening kasatan;bocah-bocah padha njaluk roti,nanging ora ana kang ngwenehi.
5 Wong kang kulina mangan kang sarwa enak,padha kaluwen ana ing lelurung,kang kulina linggih ing bantal gluga,padha nglemprak ana ing pawuhan.
6 Durakaning putrine bangsakungungkuli dosane Sodom,kang diwalik sajroning sakedhep netra,tanpa katiban ing tangan.
7 Para pemimpine resike ngungkuli salju,lan luwih putih tinimbang susu,abanging awake ngungkuli merjan,pasemone memper watu manila;
8 nanging saiki rupane ireng ngungkuli angus,kang ana ing lurung-lurung padha pangling,kulite kelet karo balung-balunge,garing kaya kayu.
9 Luwih begja kang kapupu ing pedhang,tinimbang kang mati kaluwen,kang ngenes lan matimarga tegale ora ana pametune.
10 Tangane wong wadon kang welasanwus padha ngolah anak-anake,kanggo panganenalika putrining bangsaku rusak.
11 Pangeran Yehuwah wus ngebyukake sakehe bramatyane,ngesokake bebendune kang mulad-mulad,sarta wus nyumed geni ana ing Sionkang mangsa dhasar-dhasare.
12 Para raja ing sajagadlan sarupane wong isine donya padha ora pracayayen mungsuh lan satru bisa lumebuing gapurane Yerusalem.
13 Iku kelakon mangkono marga saka dosane para nabinelan pialane para imame,kang padha ngwutahake getihe wong kang ora luput,kang ana ing satengahe.
14 Padha nuk-nukan kaya wong tuna-netraana ing lurung-lurung,najis dening getih, nganti wong ora bisanggepok marang sandhangane.
15 Paha dielokake: “Sumingkir, najis.Sumingkir, sumingkir, aja nggepok!”,nuli padha lunga lan nglambrang; para bangsa banjur padha ngucap:“Iku padha ora kena manggon ana ing kene maneh!”
16 Pangeran Yehuwah piyambak mbuyarake wong-wong mau,bakal ora diudaneni maneh.Para imam padha ora diajenidalah para wong tuwa iya ora diwelasi.
17 Mripatku tansah ngarep-arep pitulungan,nanging tanpa guna;saka menara pajagan olehku ngarep-arepmarang bangsa kang ora bisa mitulungi.
18 Wong-wong mau padha ndingkik lakuku,nganti aku padha ora bisa metu ing alun-alunku;wus ndungkap ajalku, wus puput uripku,aku wus padha tekan ing wekasaning uripku.
19 Kang padha ngoyak-oyak akurikate ngungkuli manuk garudha ing awang-awang,aku padha diburu ana ing gunung-gunung,lan dicegat ana ing pasamunan.
20 Wong kang jinebadan dening Pangeran Yehuwah, napasing uripku kabehkacemplung ing luwenganing wong-wong mau,wong kang dakkira: “Ana ing pangaubaneaku bakal padha urip ana ing tengahe para bangsa.”
21 Heh, putri ing Edom,kang manggon ing tanah Us,bungaha lan giyak-giyaka,tuwunge uga bakal tumeka ing kowe,kowe bakal mendem nganti kawudan.
22 He, putri ing Sion, kaluputanmu wus ilang,Pangeran Yehuwah ara bakal marengake kowe dibuwang maneh,nanging kaluputanmu, he putri ing Edom, bakal diwaleslan dosa-dosamu bakal digelar.