9 Kanajisane kelet ing poncoting jubahe,wus ora mikir bab bakal wekasane,anggone tiba kanteb banget,ora ana wong kang nglipur.“Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula,margi pun mengsah ngegungaken badanipun piyambak.”
10 Si satru gumrageh tanganemarang raja-branane Yerusalem kabeh,malah Yerusalem ndeleng para bangsaanggone padha lumebu ing papan pasucene,mangka Paduka, dhuh Yehuwah, sampun ngawisi tiyang-tiyang punika,boten kenging lumebet ing pasamuwan Paduka.
11 Wong saisine Yerusalem kabeh padha sambat-sambat,padha golek roti;raja-branane diijolake pangan,kanggo nyambung uripe.“Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani,dene samanten kanisthan kawula.
12 Heh kowe kang padha liwat,apa kowe ora padha mreduli?Sawangen lan tamatna, apa ana kasusahan kayakang ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku,supaya aku nandhang sedhih banget,nalika bebendune mulad-mulad?
13 Panjenengane ngintunake geni saka ing dhuwur,kang manjing ing balung-balungku;Panjenengane masang jaring ana ing ngarepe sikilku,aku didhesek mundur,sarta aku digawe kaget,lan kelaran nganti sadina muput.
14 Sakehing panerakku iku pasangan kang abot,sawijining bebuletan, damelaning astane Pangeran,kang ditumpangake ana ing guluku,satemah njalari enteking kakuwatanku.Pangeran wus ngulungake aku marang ingtangane para wong kang aku ora kaconggah nandhingi.
15 Pangeran wus mbucal sakehe para gegedhugkukang ana ing wewengkonku.Pangeran wus damel pista kanggo nglawan marang aku,kanggo nyirnakake para wong nonomanku.Pangeran wus ngidak-ngidak putri Yehuda, para kenya,kaya patrape ngiles-iles meres anggur.