3 Marga saka mulad-mulading bebendune,sakehe sungune Israel padha dipokahi,nalika mungsuh wus cedhakPangeran ngingkedake astane tengen,Panjenengane mbesmi Yakub kaya geni kang mulad-muladkang mangsa ing sakubenge.
4 Pangeran menthang gandhewane kaya mungsuh,lan ngacungake astane tengen kaya satru,mateni sakabehe kang nengsemake pandeleng kang ana ing tarube putri Sion,bebendune kaesokake kayadene geni.
5 Pangeran wus malih dadi kaya mungsuh,Israel kalebur,sakehing kedhatone karemuk,beteng-betenge padha kadadekake gempuran,kasusahan lan pasambate putri ing Yehudakadadekake akeh.
6 Tarube piyambak karusak kaya kebon,papan masamuwane kabubrah.Ana ing Sion Pangeran Yehuwah wus damel laline wongmarang riyaya lan sabat,raja lan imam wus padha ditampik,marga saka bramatyane.
7 Pangeran mbucal misbyahe piyambak,pasucene katilar,temboking kadhatone padha dipasrahakemarang ing tangane mungsuh;mungsuh mau padha ngumbar swara ana ing Padalemaning Allah,memper kaya kramean ing dina riyaya.
8 Pangeran Yehuwah wus damel putusan ndadekake gempuranbalowartine putri Sion,kabeh wus diukur srana tali ukuran,astane ora mingsed saka anggone bakal ngrisak,balowarti ing jaba lan ing jeropadha kadadekake ngadhuh-adhuh lan ngenes kabeh.
9 Gapurane padha ambles ing bumi,Pangeran Yehuwah ngrisak lan nugel-nugel slarake;rajane lan panggedhene padha dumunung ana ing antarane bangsa manca.Ora ana pitedah saka Sang Yehuwahdalah para nabine padha ora tampawahyu saka Panjenengane.