18 Ing kono pangiraku: Misuwurku wus sirna,lan pangarep-arepku marang Pangeran Yehuwah wus ilang.
19 “Paduka mugi ngengeti kasangsaran saha anggen kawula kalunta-lunta,punapadene wontenipun butrawali lan wisa.”
20 Nyawa kawula tansah kengetan dhateng prakawis punika,saha nglemprek wonten ing lebet kawula.
21 Nanging iki kang dakrasakake,lan kang njalari aku duwe pangarep-arep:
22 Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot,lan sih-kawelasane ora ana enteke.
23 Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk.Saestu ageng kasetyan Paduka punika!
24 Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku,mulane dakarep-arep.”