2 Panjenengane nundhung lan nglampahake akuana ing pepeteng kang ora ana padhange.
3 Lah aku katibanan ing astane marambah-rambah,nganti sadina muput.
4 Daging lan kulitku didamel susut,balungku padha ditugeli.
5 Pangeran ngedegake tembok ngungkuli aku,ngupengi aku kalawan kaprihatinanlan kasusahan.
6 Aku dipapanake ing panggonan kang peteng,kaya wong kang wus mati suwe.
7 Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabehsarta ditaleni nganggo rante kang abot.
8 Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung,pandongaku ora dipiyarsakake.