41 Mara, payo padha ngulukake ati lan tangan kitamarang Gusti Allah ing swarga lan munjuk:
42 Kawula sampun nerak lan mbalela,mangka Paduka boten paring pangapunten.
43 Paduka singeban bebendu,sarta mbujeng kawula, Paduka pejahi tanpa piwelas.
44 Paduka singeban mendhung,satemah pandonga kawula boten saged nembus.
45 Kawula sami Paduka dadosaken jember lan nisthawonten ing satengahipun para bangsa.
46 Sakathahipun mengsah kawula,sami ngungel-ungelaken kawula.
47 Kawula kataman pagiris sarta kalajiret,karisakan lan pagempuran.