5 Pangeran ngedegake tembok ngungkuli aku,ngupengi aku kalawan kaprihatinanlan kasusahan.
6 Aku dipapanake ing panggonan kang peteng,kaya wong kang wus mati suwe.
7 Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabehsarta ditaleni nganggo rante kang abot.
8 Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung,pandongaku ora dipiyarsakake.
9 Dalan-dalanku padha dipepeti nganggo watu tatahan,didadekake ora kena diambah.
10 Panjenengane prasasat bruwang kang ngadhang marang aku,lan prasasat singa ana ing pandhelikan.
11 Dalan-dalanku dienggokake, aku disempal-sempallan ndadosake aku bingung.