58 “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun mbelani prakawis kawula,sarta sampun ngluwari gesang kawula.
59 Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nguninganianggen kawula dipun etrapi ingkang boten adil;Paduka mugi karsaa maringi kaadilan!
60 Paduka sampun nguningani pangigit-igitipun tiyang-tiyang wausaha sadaya pangrantamipun dhateng kawula.”
61 “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun midhangetaken pamemadanipun,dalah pangrantamipun dhateng kawula;
62 punapadene wicantenipun tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,sarta malih pangangen-angenipun awon tumrap kawula sadinten muput!
63 Mugi Paduka pirsani ngadeg-linggihipun,kawula kadadosaken lagu pepoyokanipun.”
64 “Dhuh Yehuwah, Paduka badhe nandukaken piwales dhateng tiyang-tiyang wau,miturut ing sapandamelipun.