61 “Dhuh Yehuwah, Paduka sampun midhangetaken pamemadanipun,dalah pangrantamipun dhateng kawula;
62 punapadene wicantenipun tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,sarta malih pangangen-angenipun awon tumrap kawula sadinten muput!
63 Mugi Paduka pirsani ngadeg-linggihipun,kawula kadadosaken lagu pepoyokanipun.”
64 “Dhuh Yehuwah, Paduka badhe nandukaken piwales dhateng tiyang-tiyang wau,miturut ing sapandamelipun.
65 Paduka badhe mangkotaken manahipun,mugi sami kadhawahana laknat Paduka.
66 Dhuh Yehuwah, Paduka badhe mbujeng tiyang-tiyang wau klayan bebendu,sarta sami badhe Paduka sirnakaken saking sangandhaping langit!”