2 Para anake Sion kang aji,padha karo kaya emas tuwa,adhuh, kok dipadhakake karo pengaron lemahgaweaning tangane kundhi.
3 Sanadyan asu ajag iya ngulungake susunenusoni anake,nanging putrining bangsaku wus dadi mentala,kaya manuk unta ing sagara wedhi.
4 Ilate bocah pasuson kraketing cethake dening kasatan;bocah-bocah padha njaluk roti,nanging ora ana kang ngwenehi.
5 Wong kang kulina mangan kang sarwa enak,padha kaluwen ana ing lelurung,kang kulina linggih ing bantal gluga,padha nglemprak ana ing pawuhan.
6 Durakaning putrine bangsakungungkuli dosane Sodom,kang diwalik sajroning sakedhep netra,tanpa katiban ing tangan.
7 Para pemimpine resike ngungkuli salju,lan luwih putih tinimbang susu,abanging awake ngungkuli merjan,pasemone memper watu manila;
8 nanging saiki rupane ireng ngungkuli angus,kang ana ing lurung-lurung padha pangling,kulite kelet karo balung-balunge,garing kaya kayu.