4 Ilate bocah pasuson kraketing cethake dening kasatan;bocah-bocah padha njaluk roti,nanging ora ana kang ngwenehi.
5 Wong kang kulina mangan kang sarwa enak,padha kaluwen ana ing lelurung,kang kulina linggih ing bantal gluga,padha nglemprak ana ing pawuhan.
6 Durakaning putrine bangsakungungkuli dosane Sodom,kang diwalik sajroning sakedhep netra,tanpa katiban ing tangan.
7 Para pemimpine resike ngungkuli salju,lan luwih putih tinimbang susu,abanging awake ngungkuli merjan,pasemone memper watu manila;
8 nanging saiki rupane ireng ngungkuli angus,kang ana ing lurung-lurung padha pangling,kulite kelet karo balung-balunge,garing kaya kayu.
9 Luwih begja kang kapupu ing pedhang,tinimbang kang mati kaluwen,kang ngenes lan matimarga tegale ora ana pametune.
10 Tangane wong wadon kang welasanwus padha ngolah anak-anake,kanggo panganenalika putrining bangsaku rusak.