3 kanggo nampani pamerdi kang marakake pinter,sarta kabeneran, kaadilan lan kejujuran,
4 kanggo aweh kalantipun marang wong kang ora duwe pangalaman,sarta kawruh lan kawicaksanan marang wong anom; --
5 wong kang wicaksana, becik ngrungokna, supaya wuwuh ngelmune,lan wong kang duwe pangreten supaya oleh bab-bab kang kena kanggo tetimbangan --
6 kanggo nyumurupi isine wulang bebasan lan pralambang,apadene tetembungan lan sanepane para wicaksana.
7 Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh,nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi.
8 He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu,lan aja ninggal piwulange ibumu;
9 marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu,sarta kalung kanggo gulumu.