Wulang Bebasan 24 JAV

1 Aja meri marang wong ala,lan aja srawungan karo wong iku;

2 awit atine tansah ngangen-angen arep nganiaya,lan lambene ngrembug bab kasangsaran.

3 Srana kawicaksanan omah iku kaadegake,lan kasantosakake dening kapinteran;

4 sarta srana kawasisan kamar-kamare padha kaisenan,raja-brana warna-warna kang larang regane lan kang nengsemake.

5 Wong wicaksana iku luwih wibawa tinimbang wong santosa,semono uga wong kang duwe kawruh iya luwih wibawa tinimbang wong gagah prakosa.

6 Awit mung srana siasat anggonmu bisa nglurug perang,sarta kaunggulan iku gumantung kehe wong kang dadi juru pirembug.

7 Kawicaksanan iku kedhuwuren tumrap wong bodho,mulane ana ing gapura ora mbukak cangkeme.

8 Sapa kang tansah ngrantam piala,bakal kaaranan tukang ngapusi.

9 Mikir kabodhoan iku marakake dosa,sarta wong ambek memoyok iku nistha tumrap manungsa.

10 Saupama ing dina karubedan atimu semplah,iku nelakake kuranging kekuwatanmu.

11 Wong kang diglandhang arep dipateni iku luwarana,lan kang sempoyongan marani papan panyembelehan, iku slametna.

12 Manawa kowe kandha: “Prakara iku ora ngreti temenan!”Pangeran kang neter ati apa ora mirsa ing sanyatane?Apa Panjenengane kang rumeksa nyawamu iku ora mirsa,iku males marang manungsa miturut panggawene?

13 He anakku, mangana madu, awit iku becik,sarta rembesing madu iku legi rasane ana ing cethakmu.

14 Wruhanamu, kaya mangkono rasane kawicaksanan tumrap nyawamu,manawa koktemu, ana kang kokanti-anti ing dina buri,sarta pangarep-arepmu ora bakal ilang.

15 Aja ngintip papan padunungane wong bener kaya tindake wong duraka,aja ngrusak omahe.

16 Awit wong bener iku sanadyan tiba rambah ping pitu, mesthi ngadeg maneh,nanging wong duraka bakal ambruk ana ing sajroning bilai.

17 Manawa satrumu tiba, aja bungah,sarta manawa kejlungup aja giyak-giyak atimu,

18 supaya Pangeran Yehuwah ora uninga lan mastani ala,banjur nyingkirake bebendune saka wong mau.

19 Aja nepsoni marang wong kang nindakake piala,aja meri marang wong duraka.

20 Awit ora ana pangarep-arep tumrap wong ala,damare wong duraka iku bakal mati.

21 He anakku, diwedi asih marang Pangeran Yehuwah lan marang ratu,aja mbalila marang sakaro-karone.

22 Marga kalawan dadakan padha ndhatengake kasangsaran,sarta sapa nyumurupi lebure, kang didhatengake dening kalih-kalihe?

23 Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana,mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga.

24 Sing sapa tutur marang wong duraka: “Kowe ora luput,”iku bakal diipat-ipati dening para bangsa, lan disupatani dening para suku bangsa.

25 Nanging kang aweh pepenget bakal nemu kabegjan,sarta bakal ginanjar ing berkah.

26 Sing sapa mangsuli klawan patitis,iku nucup lambe.

27 Pagaweanmu ing jaba rampungna,sarta cawisna iku ana ing pategalan,sawuse iku banjur lagi ngadegna omahmu.

28 Aja dadi seksi tumrap pepadhamu tanpa sabab,lan ngapusi kalawan lambemu.

29 Aja duwe pangucap: “Kayadene kang dadi panggawene wong iku marang aku, iya kaya mangkono bakal tandukku marang wong mau.Aku males marang wong manut panggawene.”

30 Aku ngliwati pategalane wong kesed,lan ing pakebonane anggur wong kang tanpa budi.

31 Lah kabeh iku kebak kathukulan bondhot,lemahe katuwuhan ing lateng,sarta temboke wus rubuh.

32 Aku ndeleng lan banjur njupuk piwulange,aku ndeleng nuli oleh wulangan.

33 “Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas,nekuk tangan sadhela engkas arep nerusake leyeh-leyeh,”

34 banjur katekan kamlaratan, kaya wong kang nempuh,katekan kacingkrangan, kaya wong kang sikep gegaman.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28 29 30 31