16 Pituwas panggawene wong bener iku nuntun marang urip,oleh-olehane wong duraka iku nuntun marang dosa.
17 Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip,nanging kang nglirwakake marang pameleh iku kesasar.
18 Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene,sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung.
19 Kang akeh guneme iku mesthi ana panerake,nanging kang mekak lambene iku kadunungan akal-budi.
20 Ilate wong bener iku kaya salaka pilihan,nanging pikirane wong duraka iku sathithik ajine.
21 Lambene wong bener iku dadi pangone wong akeh,nanging wong bodho mati, marga kacupetan budi.
22 Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake,ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.