22 Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake,ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.
23 Kang dadi kabungahane wong gemblung iku manawa nglakoni pratingkah nistha,nanging wong pinter iku senenge manawa oleh kawicaksanan.
24 Wong duraka kataman apa kang disumelangake,nanging wong bener bakal kaparingan apa kang dikarepake.
25 Manawa katempuh ing lesus, wong duraka sirna,nanging wong bener iku tetales kang langgeng.
26 Kayadene cokak tumrap ing untu lan kukus tumrap ing mripat,iya mangkono iku wong kesed tumrap kang ngongkon.
27 Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku ndawakake umur,nanging taun-taune wong duraka iku dicendhakake.
28 Pangarep-arepe wong bener iku dadi kabungahan,nanging pangarep-arepe wong duraka dadi tanpa guna.