3 Sang Yehuwah ora negakake wong bener nandhang keluwen,nanging pepenginane wong duraka ditampik.
4 Tangan kang kendho marakake mlarat,nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.
5 Sing sapa tetandho ing mangsa panas, iku pinter,nanging kang turu bae ing mangsa panen, iku gawe isin.
6 Berkah iku manggon ana ing sirahe wong bener,nanging cangkeme wong duraka iku ndhelikake panganiaya.
7 Pangeling-eling marang wong bener iku ngolehake berkah,nanging jenenge wong duraka dadi bosok.
8 Sing sapa wicaksana ing ati, iku nggatekake marang pepakon,nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba.
9 Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune,nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan.