1 Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah,nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge.
2 Samangsa piangkuh teka, pamoyok uga nututi,nanging kawicaksanan dumunung ana ing wong kang lembah manah.
3 Wong kang jujur iku katuntun dening katemenane,nanging wong cidra iku dirusak dening culikane.
4 Samangsa bebendu teka, kasugihan ora migunani,nanging kabeneran ngluwari saka ing pati.
5 Dalane wong mursid dirata dening kabenerane,nanging wong duraka tiba marga saka durakane.