10 Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha,lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak.
11 Berkahe wong jujur ndadekake mekaring kutha,nanging cangkeme wong duraka njalari gempure.
12 Sing sapa ngremehake pepadhane iku tanpa budi,nanging wong kang pinter iku meneng bae.
13 Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi,nanging wong setya nutupi prakara.
14 Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk,nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman.
15 Sing sapa nanggung wong liya kang durung diwanuhi, iku bakal sangsara banget,nanging wong kang sengit marang tanggung jawab, iku slamet.
16 Wong wadon kang becik atine bakal kajen,dene wong kang nindhes iku oleh kasugihan.