5 Dalane wong mursid dirata dening kabenerane,nanging wong duraka tiba marga saka durakane.
6 Wong kang jujur kapitulungan dening kabenerane,nanging wong cidra iku kejiret dening hawa-nepsune.
7 Pangarep-arepe wong duraka gagal nalika dina patine,nanging pangajape wong ala bakal tanpa guna.
8 Wong bener kaentasake saka ing karubedan,wong duraka kang banjur nggenteni.
9 Wong duraka ngrusak pepadhane srana cangkeme,nanging wong bener kapitulungan dening kawruhe.
10 Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha,lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak.
11 Berkahe wong jujur ndadekake mekaring kutha,nanging cangkeme wong duraka njalari gempure.