1 Sing sapa dhemen diperdi iku seneng marang kawruh,nanging sing sapa nampik pameleh iku bodho.
2 Wong becik ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah,nanging tukang ngapusi iku mesthi diukum.
3 Manungsa ora bisa dadi santosa srana durakane,nanging oyode wong bener ora owah gingsir.
4 Wong wadon kang pinter iku minangka makuthane kang lanang,nanging kang gawe wirang iku prasasat lelara kang ngroposake balunge.
5 Rancangane wong bener iku adil,nanging pangrantame wong duraka iku cidra.
6 Tembunge wong duraka iku ngajap getih,nanging tembunge wong temen iku mitulungi.